Contoh Makalah Basa Jawa
BAB
I
PAMBUKA
Sakmenika
basa Jawi kapetang basa ingkang lumayan kathah dipunengge dening warga ndonya.
Miturut petunganipun, basa Jawi ngenggeni urutan 20. Kawontenan menika kedah
dipunjagi lan, menawi saget, derajat ingkang sampun dipungayuh menika
dipunjunjung langkung inggil malih.
Kathahing
panganggep bilih para wiranom (generasi muda) basa Jawinipun risak, kaco,
ngawur lan kathah sebutan sanesipun.Kangge nanggulangi bab menika, para guru
perlu ningkataken wawasan lan kaprigelanipun lan pamarintah - Depdiknas - perlu
nggatosaken bab menika kanthi ngawasi lan tansah mbimbing para guru basa Jawi,
murih lestari lan ngrembakaing basa lan budaya Jawi.
Pindhanipun
satunggaling wewangunan, saderengipun damel cagak temtu masang pondasi langkung
rumiyin. Menawi pondhasinipun kukuh lan bakuh, temtu cagak dalah sedaya
wewangunan wau saget ngadeg jejeg kukuh lan santosa. Pondhasi tumrap ngrembaka
lan lesatrining Basa Jawi inggih menika Pamulangan Basa Jawi ingkang leres.
Geneya
pamulangan Basa Jawi madeg minangka pondhasi ngrembaka lan leatsraining Basa
Jawi? Wangsulanipun wonten werni kalih. “Inggih” lan “boten”. “Inggih”, menawi
pamulangan Basa Jawi katindakaken kanthi leres lan sae. “Boten”, menawi pamulangan
Basa Jawi katindakaken sembarangan lan ngawur.
Basa Jawi
menika kedah dipun langgengaken. Menawi saget, malah dipuninggilaken. Boten
wonten ingkang langkung rumaos remen teng penggalih kejawi tiang Jawi minangka
warga tlatah asal mulanipun basa kasebat mbok menawi teng satunggaling mangsa
mangke basa Jawi saget jaya teng jagad raya.
Perkawis
sinten mawon ingkang kedah ngrembokoaken basa Jawi temtu kemawon sedaya tiang
ingkang rumaos ndherek andarbeni lan angrungkebi tumrapipun basa Jawi,
khususipun tiang Jawi ingkang mapan teng tlatah Jawi. Babagan menika wigatos
sanget dipunpenggalih amargi perkawis basa menika perkawis pilihan lan saingan.
Tiang sakpurunipun milih pundi rupi (upaminipun basa, dialek, lan logat)
ingkang langkung dipunremeni. Mugi-mugi kemawon kanthi upaya-upaya sae kados
adicara ageng ingkang saweg dipunwontenaken menika basa Jawi mboten badhe
kalebet ingkang ngalami nasib kasebat wau.
Lumantar
makalah menika, badhe dipunaturaken kados basa Jawi menika saget langkung
ngremboko lan kondang kawentar teng jagad raya. Babagan menika wigatos sanget
dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi
sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng basa Jawi, supados
kawontenan tiang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening
kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.
Wonten 6 perkawis ingkang dipunaturaken wonten makalah menika. Sepindah basa jawi ingkang punah, nuwuhaken raos remen kawula mudha tumrapipun budaya leluhur piyambak. Perkawis piwulangan basa Jawi wonten sekolah kedah dipunleresaken. Sanesipun, keluarga kedah dados papan utama kangge nepangaken sarta ngangge basa Jawi sedinten-dinten. Kejawi menika, sesrawungan ngangge basa Jawi kedah dipunusumaken. Ingkang pungkasan, sinten kemawon ingkang taksih sinau ngangge basa Jawi kedah dipunbombong, sinaosa taksih ndamel kelepatan. Gamblangipun 6 perkawis menika dipunbeberaken wonten mandap niki.
BAB II
WOSING PIREMBAGAN
A. Basa Jawi
ingkang punah
Wonten ing jaman menika, posisi basa Jawi menika sampun wiwit
kaganti kaliyan basa-basa liyan, basa Jawa menika sampun wiwit punah. Basa Jawi
menika namung didadosaken mata pelajaran ko-kurikuler ing sekolah ingkang
mboten ndherek nemtokaken kalulusanipun siswa. Pelajaran basa Jawi menika sae
dipuncaosaken kaliyan murid, nanging kasaranipun menawi mboten dipuncaosaken
ugi mBoten dados menapa.
Kangge tiyang ingkang mboten saking suku Jawi, utawi tiyang Jawi
ingkang sampun dangu mapan wonten ing luar pulau Jawi, sampun biyasa
ngginakaken basa Indonesia
kangge basa padintenanipun, babagan menika mboten dados perkawis. Babagan menika amargi ing basa Indonesia
menika mboten gadhah unggah-ungguh ingkang mutlak. Basa Indonesia menika ugi
mboten gadhah kelas-kelas kangge mBentenaken yuswa lan kedudukan tiyang ingkang
dipunajak micanten. Benten kaliyan basa Jawa ingkang gadhah unggah-ungguh basa.
Basa Jawa menika gadhah tingkatan-tingkatan (ragam) ingkang saged mBentenaken kaliyan sinten kita menika
micanten.
Menawi kita badhe micanten kaliyan tiyang ingkang
luwih sepuh utawi tiyang ingkang gadhah posisi ingkang luwih inggil kita kedah
ngginakaken basa Jawi ragam krama.
Menawi badhe micanten kaliyan kanca utawi tiyang ingkang saumuran, kita saged
ngginakaken basa Jawi ragam ngoko.
Basa Jawi ngoko menika ugi wonten ragam ngoko alus kaliyan ragam ngoko kasar.
B. Nuwuhaken
raos remen kawula muda tumrapipun budaya leluhur piyambak
Nuswantara Indonesia
sampun kondang kawentar sajagat raya babagan kabudayanipun, langkung-langkung
wonten teng tlatah Jawi. Kabudayan Jawi hanggadhahi nilai luhur lan becik.
Tuladhanipun, sesrawungan priyantun Jawi mitungaken yuswa, lembah manah, lan
tatakrama. Semanten ugi, basa lan sastranipun. Basa Jawi sugih basa rinengga.
Werni-werni sanget ujud kasusastran Jawi ingkang mujudaken sugihing pinemu
tiang Jawi. Tembung cangkriman (kadosto “njanur gunung”) lan sanepa (tembung
“suwe mijet wohing ranti”) awis-awis tinemu ing kasusastran basa sanes. Aksara
Jawi mawon wonten tegesipun ingkang jero, kadosto 5 aksara ingkang kawitan ingkang
mucalaken tauhid. Kesenian jawi, upaminipun seni “Begalan” saking Banyumas
kathah mbobot falsafah, donga, lan kekarepan.
Bangsa Indonesia ingkang ngadyantara kaliyan
unggah-ungguhipun, masarakatipun ingkang gemah ripah loh jinawi menika mboten
uwall saking kabudayan lan basa Jawi. Kathah sanget bebasan saking basa Jawi
ingkang dipunserap ing basa Indonesia. Nilai-nilai moral ingkang dipunandhut
kaliyan basa Jawi piyambak saged nuwuhaken kapribaden ingkang unggul. Sinten
kemawon ingkang paham lan mangertos pentingipun basa Jawi saged otomatis gadhah
budi pakarti ingkang sae.
Kathah tiang
saking manca nagari ingkang sinau wayang, nari, nabuh gamelan, sastra Jawi lan
sanes-sanesipun. Ananging mboten kathah ingkang nyinaoni basa Jawi, amargi
sawentawis wekdal basa Jawi dereng dipunbetahaken. Ananging kedah dipunserat
bilih wolak-walikipun mangsa kawontenan menika saget kemawon brubah
sawekdal-wekdal. Rumiyen, basa Latin dados basa jagad. Lajeng, basa Perancis
nggantosi. Basa Inggris jaya sak sampunipun, ngantos dumugi sak menika.
Basa Jawi
saged-saged kemawon kondang kawentar kados basa Inggris. Temtu, menawi sampun
mekaten tiang Jawi badhe remen teng penggalih, amargi basanipun dipuntampi lan
petangaken dening kelompok menungsa sanesipun. Basa makili kabudayan. Tiang
ingkang basanipun mboten dipuntampi dening kelompok sanes rumaos kelompok
sosial sarta budayanipun ugi mboten dipuntampi (Kramsch, 1998 3). Kosok
wangsulipun, basa Jawi saget sirna saking ndonya menawi mboten dipunuri-uri
dening kelompok masyarakat Jawi piyambak. Kejawi saking menika, saget kemawon
basa Jawi kabedhol oyotipun saking tlatah Jawi menawi mboten dipunjagi kanthi
turun tumurun. Becikipun kita sedaya nyumurupi warisan leluhur arupi budaya
Jawi menika sakderengipun dipuntemu dening kelompok menungsa utawi bangsa
sanes.
C. Piwulangan basa Jawi ingkang ngeremenaken
Menawi
nggatosaken lampahipun pasinaonan utawi wulangan basa Jawi ing sekolah-sekolah
ugi punapa ingkang dipungayuh siswa, kadosipun taksih dereng kados punapa
ingkang dados pengajengipun kita sedaya. Pasinaonan basa Jawi taksih langkung
kathah adhedhasar basa seratan katimbang lisan. Kejawi saking menika
lumampahing pasinaonan taksih kapitang kuno lan kirang ngremenaken. Cara-cara
sinau basa ingkang trep kangge lare, kadosto dolanan lan nembang, dereng dados
kabudayan. Tuladha nyata, lare ingkang mboten mahir basa Jawi, menawi
dipunparingi damelan supados nembang macapat, tembang-tembang dolanan, lan
campursari cepet apal, dados sae pangucapanipun lan ugi lancar. Menika sedaya
wau amargi raos remen, sinau mboten patosa kraos.
Kejawi saking
menika lomba-lomba basa Jawi ingkang ngremenaken, kados nembang, deklamasi, lan
pidato mawi basa Jawi ingkang sampun dipunrintis kedah dipunsengkuyung lan
ramekaken minangka siar basa sarta budaya Jawi. Seratan-seratan (kados teng
seratkhabar “Suara Merdeka”) lan acara-acara (kados teng RRI) ingkang kasebar
lumantar basa Jawi kedah dipuntingkataken khususipun perkawis isi lan paket.
D. Sinau basa Jawi dipunwiwiti saking keluarga
Wonten tiang
sepah ingkang ngangge dwibasa. Wonten ugi tiang sepah ingkang ngangge rupi-rupi
basa. Menawi ingkang remen ngangge basa Inggris sumonggo, amargi kasunyatanipun
basa Inggris menika dipunbetahaken kangge sesrawungan warga ndonya. Ingkang
remen ngangge basa Indonesia
inggih sumonggo, amargi basa menika minangka basa negara teng lebetipun
nuswantara. Remen lan sinau pinten-pinten basa menika sae-sae mawon. Ananging,
sedaya wau wigatosipun migatosaken empan papan. Wonten sak lebetipun keluarga
ingkang tiang sepahipun saking Jawi, tiang sepah kedah dados tuladha lan
panutan dhumateng lare-larenipun kawit alit, kejawi basa-basa sanesipun.
Klentu sanget
menawi wonten tiyang ingkang ngendika bilih ngangge basa Jawi niku ndeso,
katrok (ngangge istilahipun Thukul). Basa Jawi nasipun kados basa-basa sanes
ingkang ndelalah mboten dados basa ndonya. Melas sanget nasib tiyang ingkang
makaten menika, kedahipun dipuntatar. Tanggungjawab kita sedaya, utaminipun
keluarga supados nepangaken basa Jawi wiwit lare-lare taksih alit. Tiyang-tiyang
kados Ibu Utari Dewi, S.H (Suara Mereka, 2 Agustus 2008) lan Peni Winarningtias
saking Pemalang ingkang sampun nggatosaken lan ngraosaken sanget nilai-nilai
basa lan kabudayan Jawi kedah dipunacungi jempol.
E. Sesrawungan ngangge basa Jawi
Niki
ngimutaken rikala maos serat kabar ingkang nyebataken bilih tiang-tiang
Pekalongan ingkang manggen wonten negari Jerman mboten kesupen anggenipun
ngangge basa Jawi wekdal kepanggihan kaliyan tiang-tiang Jawi sanesipun. Dados
wonten pundi-pundi panggenan, menawi saget tiang Jawi ingkang sae mboten
ngesupekaken basanipun piyambak.
Sesrawung
mios telewicara ngangge basa Jawi antawis sesami priyantun Jawi utawi mboten
priyantun Jawi ananging mangertos basa Jawi wonten pundi kemawon papan
panggenan kejawi patemonan resmi kadosipun sae sanget, amargi cara menika
ateges sami kalian siar basa Jawi. Sak menika, basa Jawi sampun kados basa
manca teng tlatah kelairanipun piyambak. Ing pundi-pundi, milai saking dusun
ngantos kutha awis-awis sanget basa Jawi kapireng dipunengge dening warga.
Cuwilan
ukara-ukara ingkang dipunbeberaken teng wiwitan seratan menika saget
dipundadosaken minangka tengering awonipun basa Jawi kawula muda Jawi, amargi
ukara-ukara kasebat pangandikan saking satunggaling bakal jawara teng pilihan
Putera Puteri Solo 2008. Miturut warta serat kabar menika, pangandikan niku wau
kaaturaken kanthi ndredheg lan mboten lancar. Ingkang mboten jamak lumrahipun,
inggih menika basa Inggris kaaturaken kanthi langkung lancar. Solo utawi
Surakarta Hadiningrat minangka pathokanipun basa Jawi. Kejawi saking menika
peserta sampun dipunbekali basa Jawi. Menika minangka tenger bilih basa Jawi
mboten asring dipunengge. Lajeng, kados punapa basa Jawi priyantun saking
njawinipun Surakarta Hadiningrat lan Ngayogyakarta? Pramila, priyantun Jawi
kedah tancut taliwanda sinau lan ngangge basa Jawi sak asring-asringipun
kersanipun mboten angisin-isini amargi saget ngangge basa Jawi kanthi lancar
lan hanggadhahi raos pitados piyambak.
F. Bimbingan lan petedah ingkang sae dhumateng sinten kemawon
ingkang taksih sinau ngangge basa Jawi
Sinau
mbetahaken wekdal ingkang cekap. Lan kados jamak lumrahipun pasinaon, sinau
basa Jawi mboten saget lepat saking klenta-klentu. Pramila, supados tiang
ingkang saweg sinau lan nyobi ngangge basa Jawi teras remen, kalepatan ngangge
basa kedah dipunmaklumi lan, selajengipun, dipunbetahaken bimbingan lan pitedah
ingkang sae, inggih menika ingkang mboten badhe ndadosaken ciut lan pejahipun
greget sinau basa Jawi. Bimbingan lan pitedah ingkang dipunsuguhaken saget
nuwuhaken kasampurnan.
Kalebet
babagan niki, wigatosipun kita nampi rupi-rupi tembung lan ukara (dialek) lan
campur (code mixing) lan pindah basa (code switching) supados mboten nyiutaken
penggalih para sederek ingkang taksih sinau. Sawentawis wekdal, tiang ingkang
saweg sinau lan ngangge kedah remen rumiyen “saget” ngangge basa Jawi teng
sesrawungan sinaosa dereng sampurna. Ingkang wigatos inggih menika anggenipun
nggangge basa Jawi ndamel sami-sami mangertos
BAB III
PANUTUP
1. Dudutan lan Pamrayogi
Supados basa Jawi langkung ngremboko warga
masyarakat Jawi lan sedaya ingkang nggadhahi raos handarbeni tumrapipun basa
Jawi kedah tanggap ing sasmita sarta wonten upaya-upaya ingkang temen lan nyata
khususipun saking kawula mudha, tiangsepah, guru basa Jawi, lan kantor
pendidikan lan kabudayan. Sawentawis wekdal menika, ingkang ndhesek inggih
menika (1) nuwuhaken raos remen kawula muda tumrapipun budaya leluhur piyambak;
(2) piwulangan basa Jawi kedah dipunjejegaken; (3) tiangsepah paring tuladha
dhateng anggota keluarga; (4) sesrawungan ngangge basa Jawi; lan (5) bimbingan
lan petedah ingkang sae dhumateng sinten kemawon ingkang taksih sinau ngangge
basa Jawi. Namung kados makaten menika basa Jawi bakal
lepat saking ancaman sirna. Malah, saget minggah kewentaripun. Mugi Gusti
Ingkang Pinasih ngijabahi. Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi
wonten lepat
3. Penutup
Basa lan budaya Jawi tetep ngrembaka lan lestari, sauger masyarakat
Jawi minangka ahli waris lan pengguna bahasa, rumaos bombong, tresna
lan remen ngginakaken kanthi sae lan leres. Mugi Gusti tansah ngijabahi. Nuwun.
Comments
Post a Comment